Kamis, 20 Juli 2017

IKRAR HALAL BI HALAL (SYAWALAN)

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Sakderengipun sumangga sesarengan ngunjukaken puja puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat saha barokah dhateng kula lan panjengan sedaya saestu wonten ing ndalu menika kula lan panjenengan sedaya saged kempal mboten manggihi alangan setunggal menapa.

Para rawuh Bapak Ibu lan sadherek sedaya ingkang kula kurmati. Keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya minangka wakil saking para kadang muda Gamping Lor.

Ingkang sepisan keparenga ngaturaken sungkem pangabekti dhumateng ngarsanipun para rawuh ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, lan dhumateng sesami-sami menapa dene ingkang kaleres enem, kula ngaturaken salam taklim lan sih katresnan.

Ingkang angka kalih, ngaturaken sugeng riyadi idul fitri 1438 Hijriah, kairing atur taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin wal faizin.

Ingkang angka tiga, ngaturaken sedaya kalepatan kula sakanca, ingkang kasengaja lan mboten kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula sakanca.
Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan sedaya, kagungan kelepatan dhumateng kula lan sakanca, kula lega lila caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan. Lan saklajengipun mugi-mugi anggenipun gesang bebrayan mliginipun wonten padukuhan Gamping Lor mriki tansah guyub lan rukun sedayanipun.

Ingkang pungkasan, kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi menapa ingkang dados panjangka kula sakanca tansah pinaringan barokah saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Mekaten ingkang saged kula aturaken minangka wakil saking kadang muda Gamping Lor, mbokbilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging pangapunten.

Wabillahi Taufiq Walhidayah 

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar