Senin, 05 Januari 2009

ATUR PAMBAGYAHARJA

ATUR PAMBAGYAHARJA
Assalamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokatuuh.
Nuwun...
Para pinisepuh, para sesepuh saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Kula minangka wakilipun Bapak saha Ibu Bardio keparenga sumela atur.
Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan ngonjukaken puji syukur ing Pangeran Ingkang Maha Asih awit saking rahmat sarta berkah dalem ingkang sampun rumentah, kanthi wilujeng kula lan panjenengan sedaya sampun kepareng pepanggihan saha lelenggahan wonten ing pasamuwan menika.
Saklajengipun, sanadyan sampun sawatawis kasep, keparenga kula angaturaken sugeng rawuh dhateng panjenengan sedaya saha ngaturaken sanget agenging panuwun bilih panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal ngenthengaken salira angrawuhi pasamuwan menika, minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun Bapak Bardio sekalian Ibu.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Wigatosipun, panjenengan sedaya dipun suwun rawuh wonten ing pasamuwan menika, saperlu dipun suwuni tambahing berkah saha donga pangestu. Inggih Bapak Bardio sekalian anggenipun kagungan kersa badhe ndhaupaken putra putrinipun ingkang asesilih nimas Dinda kaliyan nakmas Kanda putra kakungipun Bapak Nur Himawadi sekaliyan ingkang pidalem ing dhusun Ekstramaju kalurahan Pasar Tengah kecamatan Sentral Ketawang.
Rawuh panjenengan sedaya menika sampun saestu ateges paring berkah pangestu dhumateng putra calon pinanganten kekalih. Sanadyan makaten Bapak Bardio sekaliyan taksih nyuwunaken tambahing donga pangestu, mugi-mugi putra calon pinanganten kekalih tansah sinongsongan ing karahayoning Pangeran Ingkang Maha Agung, winengkua ing karaharjan winantua ing suka basuki, tansah sami atut runtut anggenipun sami nindakaken kuwajibaning bebrayan, lestantun widada dumugi saklajengipun ingkang tundhonipun putra calon pinanganten kekalih menika saged murakabi tumraping bebrayan agung.
Boten kesupen Bapak Bardio sekaliyan ngaturaken sanget-sanget agenging panuwun ingkang tanpa upami awit paringipun sumbangsih minangka cihnaning katresnan ingkang mawarni-warni. Sedaya sampun katampi kanthi bingahing manah. Sedaya wau saestu murakabi tumraping kaperluan menika sumrambah tumrap cecawisipun putra calon temanten anggenipun badhe mangun brayat enggal. Ingkang makaten wau Bapak Bardio sekaliyan namung saged nyuwun wonten ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Mirah mugi-mugi sedaya kesaenan panjenengan wau dipun paringana lelintu ingkang matikel-tikel.
Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
Bapak Bardio sekaliyan boten kesupen nyuwun agunging pangapunten menawi anggenipun nanggapi rawuh panjenengan sarta caos papan pilenggahan lan sanes-sanesipun wonten kekiranganipun ingkang ndadosaken kirang renaning penggalih, awit sedaya wau kabekta saking kawontenan ingkang cupet lan cumpen. Ingkang menika sepisan malih Bapak saha Ibu Bardio nyuwun angunging samodra pangaksami.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
Rawuh panjenengan sedaya sampun sawatawis. Ewa semanten taksih sami kasuwun nglajengaken anggenipun lelenggahan saperlu nanggapi saha ngresepi pakurmatan pasugatan ingkang minangka cihna syukur ing Pangeran. Inggih amung amrih rancaging panindak bilih samangke pasugatan sampun sami lumados sumangga keparenga angrahapi kanthi saprayoginipun.
Ing wusana cekap semanten rumiyin atur kula, mbokbilih wonten klenta-klentuning atur nyuwun agunging pangapunten. Sumangga lajeng kasekecakna anggenipun sami lelenggahan ngantos dumugi purnaning adicara.
Nuwun..
Wassalamu’alaikum warohmatulloohi wa barokatuuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar