Senin, 05 Januari 2009

Paring Pangandikan

Paring Pangandikan Saking Calon Besan
Assalamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokatuuh.
Nuwun...
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, para ajisepuh saha para sepuh ingkang pantes pinundhi. Panjenenganipun para sentana warga Bapak Bardio sekaliyan garwa ingkang pantes kinurmatan. Para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya.
Mugi wontena keparengipun kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan awit ing kalenggahan menika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya minangka sulih salirapun Bapak Chasan Supardja.
Langkung rumuyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsa Pangeran Ingkang Maha Agung, awit saking barokah saha rahmatipun ingkang tansah kaparingaken dhateng panjenengan dalasan kula, kacihna taksih pinarengaken kempal manunggal kanthi karahayon tebih ing sambikala.
Sinawung raos suka ing ngajeng, keparenga kula ngaturaken wosing gati pisowan kula sakadang. Mugi katur wonten ngarsanipun Bapak Bardio sekalian garwa kula minangka sulih saliranipun Bapak Chasan Supardja sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga samudayanipun. Wondene wigatosing gati pisowan kula sakadang ngaturaken wudharing gantha babaring sedya. Nglajengaken pirembagan ing antawisipun Bapak Chasan Supardja sekaliyan anggadahi putra jalu inggih bagus Kanda Saputra wondene Bapak Bardio sekaliyan kagungan kenya taruni ingkang aseselih rara Adinda Putri. Gumolonging pirembagan angraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumadya nginang jambe suruhe kanthi katur makaten amargi sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta rasa miwah karsa, agenging manah ingkang tanpa pepindhan Bapak Bardio sekaliyan anggenya sampun katampi panglamaripun paramila ing kalenggahan manika Bapak Chasan Supardja sekaliyan ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
Perlu kula aturaken ing ngriki ingkang badhe kaaturaken ing ngarsanipun Bapak Bardio sekaliyan garwa. Inggih menika sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadagan temah mboten pisah salaminipun.
Boten kekilapan Bapak Chasan Supardja ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bapak Bardio sakulawarga netepi darmaning asepuh miwaha siwi mahargya suta. Amung panyuwunipun Bapak Chasan Supardja sekaliyan mugi keparenga calon penganten kadhaupna saha kapanggihna miturut tataning agami sarta adat ingkang sampun lumampah ing tlatah kampung ngriki.
Bokbilih Bapak Chasan Supardja sekaliyan anggenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna mila awit saking menika Bapak Bardio sekaliyan mugi angandhapna samodra pangaksama ingkang agung.
Ing wasana tumrap kula piyambak mbokbilih wonten galap gangsuling atur ingkang samidayanipun wau ndadosaken kirang renanig penggalih panjenengan mawantu-wantu kula nyuwun agunging pangaksami.
Wekdal kula caosaken kondur dhateng sadherek panata adicara.
Wassalamu’alaikum warohmatulloohi wa barokatuuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar