Senin, 05 Januari 2009

Atur Panampi

Atur Panampi
Assalamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokatuuh.
Nuwun...
Para pinisepuh tuwin para sesepuh ingkang dahat kinabekten. Para duta saraya saking calon kadang besan sutresna ingkang sinuba ing pakurmatan.Para rawuh kanung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan.
Inggih awit saking kersanipun Bapak saha Ibu Bardio dalah gotrah, ing ri kalenggahan menika kula piniji minangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bapak Nur Himawadi minangka cundhaka calon kadang besan sutresna.
Minangka purwakaning atur kula ugi ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi awit sih wilasa miwah barokah ingkang sinandhang panjenengan sadaya dalasan kula.
Panjenenganipun Bapak Chasan Supardja ingkang pantes sinudarsana, sadaya pasrah panjenengan, paringipun salam taklim kula tampi kanthi bingahing manah boten langkung dhawaha sami-sami. Atur panyuwun saking calon besan ijab panggihipun calon temanten mangke badhe kaleksanan ijab wanci tabuh 10.00 WIB, panggih wanci tabuh 13.00 WIB mboten kekilapan
panjenenganipun Bapak Bardio sekaliyan amung ngaturaken panuwun menggah sadaya peparingipun calon besan sutresna, pratandha yejti kasoking katresnan dhumateng Bapak Bardio sekaliyan mugi dadosa sarana raketing kekadangan sami-sami netepi darmaning asepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan mulya.
Amung semanten panampi saking Bapak Bardio sekaliyan lumantar kula ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun panjenengan Bapak Chasan Supardja sekaliyan garwa wonten suka lilaning penggalih anjenengi paring pudyastuti mrih wahyuning sedya.
Pepuntoning atur kula mbokbilih kirang nuju prana anggen kula nampi labet kula anglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning paara winasis ing reh basa tuwin sastra. Ingkang menika panjenenganipun Bapak Chasan Supardja sumrambah para lenggah sadaya mugi keparenga angandhapna agunging pangaksama.
Ing wasana Wa billahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum warohmatulloohi wa barokatuuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar