Senin, 05 Januari 2009

Panata Adicara

Panata Adicara Srah-Srahan Calon Pinanganten
( Pasok Tukon )
Assalamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokatuuh.
Kawilujengan saha sih nugrahaning Pangeran mugi kajiwa kasarira dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Nuwun….
Para pinisepuh, para sepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para duta saraya saking calon kadang besan sutresna ingkang sinuba ing pakurmatan. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Nuhoni dhawuhipun saking panjenenganipun Bapak Bardio ingkang ing ri kalenggahan menika badhe nampi pasrahing putra calon pinanganten kakung saha ndhaupaken putra putrinipun ingkang asesilih nimas Adinda Putri kaliyan putra kakungipun Bapak Chasan Supardja inggih nakmas Kanda Saputra ingkang pidalem ing padhukuhan Ekstramaju kalurahan Pasar Tengah kecamatan Sentral Ketawang, kula kadhawuhan ndherekaken lampahing adicara ing samangke.
Langkung rumiyin keparenga kula angaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan lan sumangga anyekecakaken lenggahipun ngantos dumugi paripurnaning adicara ing samangke.
Minangka purwakaning atur sumangga sesarengan ngonjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Alloh Subhanahu Wa Ta’ala ingkang sampun paring kanugrahan dhateng kula lan panjenengan sedaya, kacihna ing ri kalenggahan menika kula lan panjenengan sedaya sageda pepanggihan kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman sarta kabagaswaran.
Sagung para rawuh ingkang winantu ing suka rahayu.
Sakderengipun adicara kawiwitan keparenga kula aturaken menggah rantaman urut-urutaning adicara ing samangke, inggih menika :
1. Pambuka
2. Atur Pambagyaharja saking ingkang amengku gati ingkang samangke badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Parjiman
3. Paring Pangandikan saking calon besan ingkang samangke badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Nur Himawadi
4. Atur Panampi saking pamengku gati ingkang samangke badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Krisnawanto
5. Ijab Qabul putra calon pinanganten kekalih
6. Panutup
Makaten mengah reroncening adicara ingkang sampun rinancang lan sumangga sami ngenut lampahing adicara kanthi sekeca lan mardika.
Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan.
Inggih awit saking samudayanipun sampun miranti lan titi wanti ugi sampun dumugi, pramila sumangga adicara enggal kawiwitan kanti adicara ingkang angka satunggal inggih menika Pambuka. Minangka pratandha tinarbukaning adicara sumangga sesarengan ndedonga dhateng ngarsanipun Alloh Subhanahu Wa Ta’ala ngagem cara miturut agami sarta kapitadhosan panjenengan piyambak-piyambak, dene ingkang ngrasuk agami Islam sumangga maos waosan Basmallah sesarengan :
“ B i s m i l l a a h i r r o h m a a n i r r o h i i m “
Matur nuwun, mugi-mugi lampahing adicara purwa madya lan wusana sageda rancag, tulus, rahayu, kalis ing sambikala lan rubeda.
Dumugi ing tataran adicara candhakipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking ingkang amengku gati inggih panjenenganipun Bapak Bardio ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Parjiman. Ingkang menika dhumateng panjenenganipun Bapak Parjiman wekdal saha sasanawara kula aturaken, lan dhumateng panjenenganipun Bapak saha Ibu Bardio kasuwun angampingi panjenenganipun Bapak Parjiman. Sumangga......
--------------------------------------------------------
-------------- Atur Pambagyaharja --------------
--------------------------------------------------------
Matur nuwun kula aturaken dhumateng panjenenganipun bapak Parjiman ingkang sampun kepareng ngaturaken pambagya dhumateng para rawuh sedayanipun.
Sagung para rawuh ingkang dahat kinurmatan.
Sakderengipun adicara kalajengaken, keparenga adicara kasigeg sawatawis saperlu Bapak Bardio sekalian Ibu badhe caos pakurmatan pasugatan ingkang awujud unjukan saha dhedhaharan sawontenipun. Ing samangke sawanci panjenengan sampun kacaosan pasugatan, keparenga angrahapi kanthi saprayoginipun. Wekdal kula aturaken dhumateng para kadang pramuladi. Sumangga....
---------------------sumene 1-------------------
Sagung para rawuh kakung miwah ingkang winantu ing karaharjan.
Mboten ateges ngirangi kamardikan panjenengan ingkang nembe ngrahapi pasugatan, sasampunipun aso sawatawis sumangga adicara kalajengaken ing adicara candhakipun inggih menika Paring Pangandikan saking calon besan sutresna ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Nur Himawadi. Sumangga wekdal saha sasanawara kula aturaken .........
--------------------------------------------------------
-------------- Paring Pangandikan --------------
--------------------------------------------------------
Kula aturaken sanget agenging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Nur Himawadi ingkang sampun kepareng masrahaken putra calon pinanganten kakung dalah upakartinipun minangka jangkeping sarana anggenipun badhe gesang tembayatan kaliyan calon pinanganten putri. Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Atur Panampi saking ingkang amengku gati ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Krisnawanto. Sumangga wekdal saha sasanawara kula aturaken. ............
--------------------------------------------------------
------------------- Atur Panampi -----------------
--------------------------------------------------------
Matur nuwun kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Krisnawanto ingkang sampun kepareng nampi pasrahing putra calon pinanganten kakung dalah upakartinipun minangka sulih salira saking pamengku gati inggih panjenenganipun Bapak Bardio. Minangka pratandha yekti srah tinampi, dhumateng panjenenganipun Bapak Nur Himawadi kasuwun masrahaken salah satunggaling upakarti ingkang awujud menapa kemawon dhateng panjenenganipun Bapak Krisnawanto. Sumangga . . . . . . . . . . . .
Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Purna menggahing adicara srah-tinampi, sumangga adicara kalajengaken ing adicra candhakipun inggih menika Ijab Qabul putra calon pinanganten kekalih. Wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Naib saking Kantor Urusan Agama kecamatan Sentral Ketawang sacekapipun. Ingkang menika dhumateng putra calon pinanganten kekalih, Bapak Bardio, Bapak Naib saha ingkang anawung kridha keparenga samekta ing gati. Sumangga . . . . . .
--------------------------------------------------------
--------------------- Ijab Qabul -------------------
--------------------------------------------------------
Kula aturaken sanget agenging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Naib ingkang sampun kepareng ndhaupaken putra temanten kekalih. Purna menggahing adicara Ijab Qabul sampun kaleksanan kanthi rancag widada nir ing sambikala lan rubeda. Kejawi awit saking rahmat saha barokah saking ngarsanipun Alloh Subhanahu Wa Ta’ala ugi awit saking donga pangestunipun sagung para rawuh. Minangka mratelakaken raos lega legawaning ingkang sami bebesanan keparenga sagung para rawuh anyekecakaken lenggahipun saperlu Bapak Bardio sekaliyan Ibu badhe caos pakurmatan pasugatan ingkang angka kalih ingkang awujud dhaharan sawontenipun. Ing samangke sasampunipun panjenengan kacaosan pasugatan keparenga angrahapi kanthi saprayoginipun. Ingkang menika wekdal kula aturaken dhumateng kadang pramuladi. Sumangga . . . . . . .
---------------------sumene 2-------------------
Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan.
Titi laksitaning adicara sampun kasembadan kanthi rahayu nir ning sambikala lan rubeda. Ndungkap pungkasaning adicara mbokbilih anggen kula ngayahi jejibahan ndherekaken adicara wonten galap gangsuling atur, tumpang suh pangetraping basa menapa dene kirang suba sita ing solah bawa ingkang samudayanipun wau ndadosaken kirang renaning penggalih panjenengan sedaya mawantu-wantu kula nyuwun lumubering samodra pangaksami. Ing samangke sasampunipun adicara katutup kasuwun dhumateng putra temanten kekalih saha tiyang sepuhipun jumeneng ing sangajenging wiwara saperlu asung pakurmatan konduripun para rawuh.
Ing wusana, sumangga adicara dipunpungkasi kanthi ngonjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Alloh Subhanahu Wa Ta’ala ngagem cara miturut agami sarta kapitadosan panjenengan piyambak-piyambak dene ingkang ngrasuk agami Islam sumangga maos waosan Hamdallah sesarengan :
“A l h a m d u l i l l a a h i r o b b i l ‘ a l a m i i n ”
Matur nuwun, sugeng kondur mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
Wa billahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum warohmatulloohi wa barokatuuh.


Katrangan :
  1. Pinanganten : temanten ingkang nembe nindakaken pinangan, dereng nindakaken ijab qobul.
  2. Waosan ayat-ayat suci Al Quran mboten mlebet adicara piyambak, ananging kalebet wonten ing adicara Ijab Qobul.
  3. Sasampunipun dipuntampi dening pihak ingkang amengku gati, dipunwonteni adicara srah tinampi (simbolis) salah satunggaling upakarti, umumipun mas kawinipun.
  4. Adicara Ijab Qobul :
- pambuka
- waosan ayat-ayat suci Al Quran
- ikrar ijab qobul
- khutbah nikah
- doa
- panutup

2 komentar:

  1. nderek ngregengaken wontenipun blog puniko,menawi dipun keparengaken bilih wonten blog punika inggih dipun paringi jangkepipun adicara wiwahan...panyandra panggih temanten punapa panyandra adicara sanes-sanesipun

    BalasHapus
  2. insyAllah...nembe dipun serat.
    maturnuwun awit kawigatosanipun.

    BalasHapus